Rabu, 11 Mei 2011

Makalah Bahasa Jawa

Sekarang ini kita mulai kehilangan budaya bangsa, banyak orang menyebut zaman modern dan banyak mereka meninggalkan yang seharusnya kita jaga. Contohnya saja banyak orang jawa sekarang sudah tidak bisa bahasa jawa, orang tua dulu bilang "Wong Jowo ra Njawani". yah cuman sekedar buat isi blog ni ada dikit tulisan bahasa jawa.

Ini cuman sekedar contoh ya kalau kurang bagus bahasa dan tulisannya saya minta maaf, tulisan ini di posting untuk melestarikan budaya jawa.


TEKS SEMINAR

A.    Irah-irahan/Judul : RINGGIT PURWA/WAYANG

B.     Latar Belakang
Sak katahing budayan ing tlatah Jawi meniko, katah ingkang sampun mboten dipun lestarikaken dumateng tiyang-tiyang ing tlatah Jawi. Salah satunggaling kabudayan meniko yaiku Ringgit Purwo utawi Wayang, katah tiyang Jawi ingkang mboten nglestarikaken kabudayanipun piyambak, kamongko ringgit purwo/wayang meniko asli kabudayan Jawi lan katah paedahipun, ananging tiyang Jawi meniko katah ingkang mboten nggatosaken kabudayan meniko.

C.    Permasalahan
-          Apa kang diarani wayangiku?
-          Apa wae variasine wayang iku?
-          Apa fungsine wayang iku?

D.    Pembahasan 
Ringgit Purwo/Wayang
Ringgit purwo/wayang yaiku sawijineng wujud seni pertunjukan kang awujud drama ingkang kas. Seni kang kaemot sajroning pertunjukan ini yaiku: Seni Swara, seni sastra, seni music, seni tutur, seni lukis lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak ingkang duwe pangarggep menawi pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemut pralambang kramat, saora-orane wiwit abat kaping 19 nganti saiki. Wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsikake dening poro ahli.
Wayang akeh banget variasine, minongko kesenian rakyat utawakraton, boneka kang ditatah digawe saka kulit  utawa kayu utawa campuran kulit lan kayu. Critane sumbere saka Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Merak, crita-crita Panji, syair-syair kepahlawanan utawa kreasi anyar kang nyritakake perintiwa-perintiwa anyar.
Saliyane kuwi warra-warraning wayang iku uga ona kang sinabut wayang wong abad kapung 18. Wayang iku etuk sambutan kang apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang uwong. Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang, antarani ing Jakarta lan Ngayokyakarta. Sawetara penelitian nyimpulaken wayang sarono nggambarake alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik, ana rong perkara, pihak utawa kelompok kang ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lahir lan batin, alus lan kasar, pandawa lan kurawa, kalorone nyawiji ana sajroning manungso kanggo nggoleki kesombongan. Wayang ugo dadi sarono ngendaleni soial, umpamane kanthi kritik social kang diwujudake  lumantar banyolan, fungsi liane yaiku minangka sarono ngukuhake status wong kang duwe pangkat lan bisa nyedhiyakake biaya kang gebhe, saliyane kuwi minangka penanaman solidaritas sosial, sarono hiburan lan pamulangan.

E.     Dudutan
Wayang yaiku sawijine seni pertunjukan awujud drama kang khas. Wayang akeh banget variasine minongko kesenian rakyat ceritane sumbere saka Ramayana lan Mahabarata, fungsine sarana ngukuhake status sosial amargo kang iso nanggap wayang yaiku wong kang pangkat lan bisa mnyediakake biaya kang gedhe. Lan liyane minongko penanaman solidaritas sosial, sarana hiburan lan pamulangan.

F.     Saran-saran
Kanggo nglestarikake kabudayan wayang iku tiyang Jawa menuko kudu nyinau kanthi temen-temen, aja nganti ditinggalake kabudayane awake dhewe, lan kudhu dulestarikake

G.    Kepustakaan
Solopos : 26 juni 2008

Tidak ada komentar:

Posting Komentar